
Ngisi daya piranti
Piranti sampeyan duwe baterei sing bisa diisi sing kudu diganti karo Sony utawa pusat
reparasi Sony sing resmi. Sampeyan aja nyoba mbukak utawa mbongkar dhewe piranti
iki. Yen dibukak, piranti iki bakal rusak lan garansi sampeyan bakal batal.
Baterei diisi sebagean naliko piranti dikirim saka pabrik. Gumantung saka suwene piranti
ing njero kotak sadurunge sampeyan tuku, daya baterei isa uga kari sethithik. Menawa
daya kari sethithik, disaranake sampeyan ngisi daya baterei paling sethithik 30 menit
sadurunge nguripake piranti nalika kaping pisanan. Sampeyan isih bisa nggunakake
10
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

pirantinalika diisi daya. Waca luwih lengkap babagan baterei lan cara ngapiki kinerja ing
Baterei lan pangaturan daya
ing kaca 116 .
Ngisi daya piranti
1
Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.
2
Tancepake kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing
komputer).
3
Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port micro USB ing piranti, kanthi
simbol USB madhep munggah. Lampu kabar murup nalika pangisian daya
diwiwiti.
4
Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel USB saka piranti kanthi narik metu. Aja
nganti nekuk konektor.
Yen baterei kosong, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar murup lan lambang ngisi
daya muncul.
Status lampu kabar baterei
Ijo
Level pangisian baterei luwih dhuwur saka 90%
Abang kethip-kethip
Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 15%
Oranye
Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 90%
11
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.