
Nampa telpon
Njawab telpon
Nolak telpon
Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu
•
Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.
Nggunakake mesin panjawab
Sampeyan bisa nggunakake aplikasi mesin panjawab kanggo njawab telpon nalika sibuk
utawa ora bisa njawab telpon. Sampeyan bisa ngaktifake fungsi njawab otomatis lan
nemtokake pirang detik wektune ngenteni sadurunge telpon dijawab otomatis.
Sampeyan uga bisa sacara manual ngarahake telpon menyang mesin panjawab nalika
sibuk banget lan ora bisa njawab. Lan sampeyan bisa langsung ngakses pesen sing keri
ing mesin panjawab saka piranti.
Sadurunge nganggo mesin panjawab, sampeyan kudu ngrekam pesen uluk salam.
Ngrekam uluk salam kanggo mesin panjawab
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Telpon.
3
Pilih kertu SIM.
4
Tutul
Mesin Panjawab > Salam.
5
Tutul
Rekam salam anyar lan turuti prentah ing layar.
48
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Ngaktifake jawab otomatis
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Telpon.
3
Pilih kertu SIM banjur tutul
Mesin Panjawab.
4
Tandhani kothak centhang
Mesin Panjawab.
Yen sampeyan ora nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis telpon, wektu gawan
bakal dianggo.
Nolak telpon nganggo mesin panjawab
•
Nalika ana telpon mlebu, seret munggah
Opsi tanggepan banjur pilih Tolak
nganggo Mesin Panjawab.
Nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Telpon.
3
Pilih kertu SIM banjur tutul
Mesin Panjawab.
4
Tutul
Angkat sawise.
5
Atur wektu kanthi nggulung munggah mudhun.
6
Tutul
Rampung.
Ngrungokake pesen ing mesin panjawab
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Telpon.
3
Pilih kertu SIM.
4
Tutul
Mesin Panjawab > Pesen.
5
Pilih pesen swara sing arep sampeyan rungokake.
Sampeyan uga bisa ngrungokake langsung pesen mesin panjawab saka log telpon kanthi
nutul .
Nolak telpon nganggo sms
Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms Nalika nolak telpon nganggo sms kaya
mengkono, pesen dikirim otomatis menyang panelpon lan disimpen ing obrolan
Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa
nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi
saka sing ana ing setelan.
Nolak telpon nganggo pesen sms
1
Nalika ana telpon mlebu, seret munggah
Opsi tanggepan banjur tutul Tolak
nganggo pesen.
2
Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.
Nolak telpon liya sajroning telpon nganggo pesen sms
1
Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, seret
Tolak nganggo pesen
munggah.
2
Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.
Ngowahi sms sing digunakake kanggo nolak telpon
1
Saka Layar ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Telpon > Umum > Tolak telpon nganggo pesen.
3
Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.
4
Tutul
OK.
49
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.